Rabu, 30 Juli 2025

Dongeng Jawa

 “Dongeng Tresno soko TBM AVICENNA BERKAH”,Naliko srengenge wiwit ngglimang ing langit Kenjeran, sworo ombak kang lembut nyawiji karo geguyon bocah-bocah.,.,Dino iku, 23 Juli 2025, dadi dino istimewa: Hari Anak Nasional.,Ing Panggung Terbuka TBM AVICENNA BERKAH, ing pesisir Sukolilo, Kenjeran, Suroboyo, ono lomba mendongeng sing rame banget.,Salah siji peserta yaiku Ibu Anisa, ibu loro anak cilik:,Lintang lan Slamet.,Naliko jenengé diundang, Ibu Anisa mlaku munggah panggung karo senyum tulus, karo anaké kang nyekel buku lan mikropon.,Senajan nganggo klambi sederhana, Ibu Anisa ora pakewoh.,Ibu Anisa ndongeng :,\"Naliko ono kucing cilik jenenge Tiko kelangan ibune, dheweke ora nyerah.,Tiko nyusuri alas, takon marang ula, manuk, lan wit-witan...\",\"Naliko tekan Pantai, ibu Kucing takon karo Iwak Cucut.\",\"Opo kowe eroh anakku Tiko ?\" takon Ibu Kucing.,\"Oh...anakmu ono pinggir segoro !\" kandhane Cucut.,\"Tiko Iki jare nyang alas, la kok wis tekon Segoro.\",Swara dongengé alus, nanging nduwèni kekuwatan nyentuh atiné para pamirsa. Lintang mbukak koco buku gambar, nuduhake gambar Tiko. Slamet sesambung ndongeng nganggo mikropon cilik, “Tiko ora wedi, mergo dheweke yakin tresno ibune ora bakal ilang.”,Poro pamirsa semanak.,Wong tuwa nangis, bocah-bocah kaget lan semangat.,Ing pojok panggung, Bang Jo saka Komunitas Embun Surabaya, lan Ibu Dokter saka komunitas Unair, dadi dewan juri, podho melas lan kagum.,Bang Jo (juri):,\"Iki ora mung dongeng, iki panggung tresno.,Ono ibu ngajari anaké wani, moco, lan nyritakake roso.,Iki juara sejati.”,Pembawa acara, Bunda Tri, nyebutaké:,\"Lan... pemenang lomba mendongeng dino iki yaiku... Ibu Anisa lan Putra-putrane !\",Gebyak tangan mak bledheg. Lintang lan Slamet nyedhaki ibuné, meluk kenceng.,Ibu Anisa nganggo ambegan haru :,\"Iki dudu bab menang, nanging piwulang menawa dongeng bisa ngetokaké tresna. Matur nuwun.”,Pesen Cerita:,Mendongeng iku ora mung ngandhani crita, nanging mbangun roso percaya diri, kekancan, lan katresnan.,Soko panggung cilik ing Sukolilo, tresno Ibu Anisa dadi dongeng kang bakal dikenang nganti tekan langit.



“Dongeng Tresno soko TBM AVICENNA BERKAH”

Naliko srengenge wiwit ngglimang ing langit Kenjeran, sworo ombak kang lembut nyawiji karo geguyon bocah-bocah.

Bunda Tri, kang duwe ide nganakake Lomba   moco nyaring lan dongeng kanggo Ibu lan anake.

Ugo ngadakake perikso gigi, ngajak komunitas Unair.

Love Suroboyo, komunitas sing biasane ngabarake berita, ugo meliput lan mensponsori kegiatan iku.

Dino iku, 23 Juli 2025, dadi dino istimewa: Hari Anak Nasional.

Ing Panggung Terbuka TBM AVICENNA BERKAH, ing pesisir Sukolilo, Kenjeran, Suroboyo, ono lomba mendongeng sing rame banget.

Salah siji peserta yaiku Ibu Anisa, ibu loro anak cilik: Lintang lan Slamet.

Naliko jenengé diundang, Ibu Anisa mlaku munggah panggung karo senyum tulus, karo anaké kang nyekel buku lan mikropon.,

Senajan nganggo klambi sederhana, Ibu Anisa ora pakewoh.

Ibu Anisa ndongeng : 

"Naliko ono kucing cilik jenenge Tiko kelangan ibune, dheweke ora nyerah. Tiko nyusuri alas, takon marang ula, manuk, lan wit-witan..."

"Naliko tekan Pantai, ibu Kucing takon karo Iwak Cucut."

"Opo kowe eroh anakku Tiko ?" takon Ibu Kucing.

"Oh...anakmu ono pinggir segoro !" kandhane Cucut.

"Tiko Iki jare nyang alas, la kok wis tekon Segoro !"

Swara dongengé alus, nanging nduwèni kekuwatan nyentuh atiné para pamirsa. Lintang mbukak koco buku gambar, nuduhake gambar Tiko. Slamet sesambung ndongeng nganggo mikropon cilik, “Tiko ora wedi, mergo dheweke yakin tresno ibune ora bakal ilang.”

Poro pamirsa semanak. Wong tuwa nangis, bocah-bocah kaget lan semangat.

Ing pojok panggung, Bang Jo saka Komunitas Embun Suroboyo lan Ibu Dokter saka Komunitas Unair, dadi dewan juri, podho melas lan kagum.

Bang Jo (juri):

"Iki ora mung dongeng, iki panggung tresno. 

Ono ibu ngajari anaké wani, moco, lan nyritakake roso. 

Iki juara sejati.”

Pembawa acara, Bunda Tri, nyebutaké:

"Lan... pemenang lomba mendongeng dino iki yaiku... Ibu Anisa lan Putra-putrane !"

Gebyak tangan mak bledheg. Lintang lan Slamet nyedhaki ibuné, meluk kenceng.

Ibu Anisa nganggo ambegan haru :

"Iki dudu bab menang, nanging piwulang menawa dongeng bisa ngetokaké tresna. Matur nuwun.”

Pesen Cerita:

Mendongeng iku ora mung ngandhani crita, nanging mbangun roso percaya diri, kekancan, lan katresnan. 

Soko panggung cilik ing Sukolilo, tresno Ibu Anisa dadi dongeng kang bakal dikenang nganti tekan langit.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mulai Des 2025

 Gajah Mada (bahasa Jawa: ꦓꦗꦃꦩꦢ; ca 1290 – ca 1364), dikenal juga dengan nama lain Jirnnodhara adalah seorang panglima perang dan Mapatih (P...