*Oktober Kelabu ing Bumi Mbedug*
Anggitane : Prayitno
Dusun mbedug, Oktober 1965.
Angin sore menghembuskan ambu godhong jati garing lan kebul kayu obong. Swara kentongan saka kadohan krungu kaya pertandha bebaya, nanging ora ana kang wani ngartikake terang-terangan.
Dusun kita ndadak sunyi. Pirang-pirang wong milih ora metu omah. Bocah-bocah dilarang dolanan nganti ngarep emper.
Ing tengah swasana iku, kulawarga cilik ing pojok desa lagi sibuk nyiapake adicara nikahan.
Ing watara tenda prasaja lan sega gurih kang ditanak esuk-esuk, swasana tetep menegang. Dudu amarga manten, nanging amarga bisik-bisik kang ngiringi : Temanten lanang konon tau melu karo parte kang saiki lagi diburu—PKI.
Ora kabeh wong paham apa kang lagi kedadeyan. Nanging kabehing wong ngerti: cukup siji tuduhan, mula urip pawongan bisa dibusek saka bumi.
Bapakku, Musdi, wis limang taun manggon ing Suroboyo. Piyambake nyambut gawe dadi buruh yasan lan mung mulih wektu lebaran utawa ana kabar kulawarga lara. Dino iku, Piyambake nembe wae teka saka Suroboyo, arep tilik sadulure kang omah-omah. Piyambake ora ngerti apa-apa soal politik utawa parte. Nanging jenenge katulis ing buku tamu adicara. Iku cukup kanggo nggawe “dicurigai”.
Surup mudhun nalika wong loro, teko menyang omah karo rai katutup kain lungsed. Deweke kabeh nyebut araning Bapakku.
> “Sampeyan dijaluk melu kita sedhela.”
Tanpa sempet takon apa-apa, bapak lan loro kerabat seje langsung digiring metu omah. Gulu dheweke kabeh dijerat tali, tangan diikat. Gerak dheweke kabeh kaya sapi digeret menyang pasar, nanging dina iki dudu kanggo didol, ananging kanggo... embuh apa.
Ing walik bilik pawon, ibuku—rumiatun—ndelok karo mripat membelalak. Raine pucet. Tanpa omong, piyambake nggayuh selendang lan mlayu metu. Bu de Mul lan bu de Sum, nyusul ing mburine.
Wengi ngemuli desa, mung diterangi cahya sasi separo. Wong wadon telu iku nembus pematang. Nyusuri dalan lemah pinuju arah kali brantas. Kabeh ora nggawa gaman. Ora nggawa layang. Mung tekad lan kemarahan.
Sakwise ono ing pinggire kali, swara gemericik banyu kacampur karo swara kasar para lelanang kang jaga. Pirang-pirang wong Lanang, lungguh ing lemah, tangane diikat, mripat dheweke kabeh kebak wedi. Ugo Bapakku.
Bu de Mul maju luwih dhisik. Pasuryane ora gentar. Piyambake nuding salah siji wong kang nggawa gaman.
> “Kowe, Rahman ! Kowe sedulur karo aku ! Opo kowe arep mateni sedulurmu dewe ?”
Lanang iku—Rahman—bergetar sadhela. nanging piyambake tetep ngadeg jejeg.
> “Iki prentah ndhuwuran. Sopo wae sing dicurigai melu PKI, kudu dieksekusi.”
> “Musdi ora melu opo-opo!” seru ibuku. “Deweke kerjo nang suroboyo. Uwis limang taun. Ora tahu urusan politik !”
Rahman ngalihake pandhengan, kaya ora pengin ndeleng mripat wong wadon iku. Nanging bu de Sum nyedhak, suwarane ngancem.
> “Yen kowe tetep mateni wong-wong iki, aku arep nggoleki pak de Mantri. Kabeh kedadeyan iki arep tak laporke !
Lan kowe sing bakal ditaleni koyo ngene !”
Swasana mencekam. Liyane noleh siji karo liyane, padha enten-entenan.
Detik liwat kaya jam. nganti pungkasane, Rahman menghela napas.
> “Ayo... culno. kuwi Musdi pancen ora melu opo-opo.”
Tali ing gulune Bapakku diucili.
Piyambake tiba lungguh ing lemah, awake lemes. Ibukku ndhekep kenceng, tangise tumpah. Bu de Mul lan bu de Sum nyikep bojone yaiku pak de Wachid lan pak de Jo.
Wengi iku, wong wadon telu mulih kabeh, karo wong lanang kang meh wae kelangan nyawa. Ora ana tepuk-tangan. Ora ana omongan matur nuwun.
Nanging kabeh ngerti, dheweke kabeh wis nylametake urip.
Lan ing dina-dina sabanjure, wong-wong mulai wani ngomong—kalem-kalem
Ing masa peteng, kadhang wong wadon kang nggawa Cahya.
Saiki, saben ngadeg ing pinggiran kali brantas, aku mbayangake langkah-langkah sikil wong wadon telu ing desa kang lumaku tanpa wedi. Dheweke kabeh dudu pahlawan jroning buku sajarah.
Nanging kanggo keluargaku, Ibuku karo Bu De, kabeh dadi Penyelamat.
> "Amarga kadhang, sejarah diselamatkan dudu dening gaman, nanging dening keberanian ibu kang ora lila bojone digeret kaya Sapi."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar