Soko Capcut
*Bilqis lan Impene*
PEMANDU ACARA :
"Tanggal 23 Juli 2025, dino kang istimewa. Hari Anak Nasional dirayakake Yayasan TBM AVICENNA BERKAH ono Pantai Sukolilo Kenjeran Suroboyo.
Anak-anak soko berbagai sekolah podho kumpul, nggowo semangat, nggowo buku, lan nggowo impian. Nanging, siji anak nelayan nduweni crita sing paling ngetokake... jenenge Bilqis."
BILQIS :
"Jenengku Bilqis.
Aku anak nelayan.
Saben esuk aku ndelok Bapak mulih soko laut, nggawa hasil panen rejeki saka segoro.
Tapi aku duwé impen… pengin dadi penulis, pengin dongengku diwacakake kanggo bocah-bocah sak ndonya."
IBU BILQIS :
"Nduk, moco sing banter yo.
Ibu percaya kowe bisa menang lomba moco nyaring iki.
Gawe bangga Bapakmu, gawe bangga desomu."
BILQIS :
"Inggih Bu, insya Allah. Aku wis latihan karo buku favoritku."
_Lomba Dimulai_
Soko panggung lomba, panitia nyebut jeneng-jeneng peserta. Para juri siap nyimak, para penonton ngarep-arep kejutan.
Bilqis melangkah maju,
nganggo sandal jepit lan celana dawa dipadu kaos ngganggo jilbab krem —
mergo mung kuwi sandhangan paling apik sing diduweni.
PANITIA :
"Peserta Nomor 23, Bilqis !"
"Monggo, kanca kabeh padha ndhukung !"
BILQIS :
“Sakwise peteng, bakal ono padhang.
Sakwise tangis, bakal ono ngguyu.
Sakwise susah, bakal ono kabungahan…”
PEMANDU ACARA :
"Suarane Bilqis koyo ombak sore.
Ora kuwat, nanging nyampai.
Kabeh padha marem, juri mréntah,
lan langit sore nglirik bangga."
_Kemenangan Sing Nggugah_
JURI 1 :
"Juara pertama lomba Moco Nyaring Hari Anak Nasional 2025... BILQIS !"
BILQIS :
"Iki kanggo Bapak, kanggo Ibu, lan kanggo segoro… sing nglantarake aku sinau moco."
JURI 2 :
"Suaramu tulus, macamu apik tenan. Kowe ora mung moco… kowe nguripi dongengmu."
BUNDA TRI:
"Aku bakal critakaké khabar iki menyang perpustakaan.
Sing koyo kowe kudu dibantu nerbitaké buku !"
PEMANDU ACARA :
"Soko pantai Sukolilo Kenjeran Suroboyo, Bilqis maringi pelajaran, marang kabeh :
anak nelayan uga bisa nduweni impian,
yen ditandur karo semangat lan kabecikan.
Dino iki Bilqis menang.
Mbésuk… donya bisa krungu crito bocah-bocah Nelayan"
BUNDA TRI :
"Aku salah sijining wong sing paling seneng dino Iki.
Matur nuwun karo sopo wae sing bantu acara iki."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar