Kamis, 02 Januari 2025

SONGSONG DAN BANGSAWAN JAWA

 SONGSONG DAN BANGSAWAN JAWA


Payung disebut juga sebagai Songsong , dalam sebuah kraton , Songsong adalah  perlambang sebagai kebesaran nagari juga pengayoman bagi rakyat.

Dikraton Kasunanan Surakarta banyak dijumpai songsong yang tersimpan di museum Kraton salah satunya Songsong Gulo Klopo yang sudah mulai rapuh dimakan usia, Songsong tersebut adalah salah satu payung kebesaran Majapahit, perlambang gulo klopo adalah merupakan satu kesatuan kelapa putih menjadi gula merah sebagai perlambang berani demi menjunjung kebenaran, makna filosofis sebagai dasar sang saka merah putih.

 

Pada masa kebesaran sebuah kerajaan di Jawa, Payung menempati posisi penting, bukan hanya sekedar sebagai  peneduh dikala panas atau penghindar hujan.Tetapi payung mempunyai kedudukan sebagai simbol penanda keluhuran   dari kalangan mana bangsawan tersebut berasal.Dan lingkungan kraton menempatkan posisi payung sebagai penanda  seberapa tinggi  jabatan mereka dalam truktur pemerintahan kerajaan, sehingga penggunaannya pun diatur.


Payung sebagai lambang kekuasaan. Ini terlihat ketika Ki Ageng Juru Mertani menghadap Sultan Hadiwijaya di kraton Pajang untuk mengabarkan perihal wafatnya Ki Ageng Pemanahan, serta memohon perintah siapa yang berhak menggantikan Ki Ageng Mataram. Sultan Hadiwijaya memberikan Songsong Kyai Mendung kepada Ki  Juru Mertani untuk diserahkan kepada Danang Sutawijaya   sebagai perlambang bahwa Beliau mengangkat nya sebagai Senapati Ing Alaga. Sesampai di Mataram , Songsong Kyai Mendung tersebut diambil oleh Danang Sutowijaya dan digunakan untuk memayungi Jenazah Ki Ageng Pemanahan selama prosesi pemakaman.Menurut Danang Sutowijaya Ki Ageng Pemanahan sangat berhak untuk mendapat  perlakuan istimewa tersebut karena sebenarnya Songsong  Kyai Mendung  adalah Sebuah pusaka yang berbentuk songsong agung  untuk Raja raja sejak Raja Majapahit , Sultan Demak, hingga  Sultan Hadiwijaya  . 


Pada masa kebesaran sebuah kraton di Jawa di masa lalu , payung juga disebut songsong.

Pada sebagian relief candi banyak ditemukan relief wanita bermahkota dengan dinaungi songsong yang dipegang oleh pengiringnya, begitu pula di relef candi Borobudur dan candi Penataran banyak diketemukan Para Pembesar atau Raja yang dipayungi sebuah songsong oleh pengiringnya, juga terlihat  relief pohon Kalpataru sebagai perlambang pohon kehidupan juga terlihat dinaungi sebuah songsong. 


Seorang raja memiliki tiga buat jenis songsong , yaitu songsong gilap gubeng, songsong bawat dan songsong agung. Sementara seorang  putra raja atau pangeran hanya berhak memakai songsong gilap. Seorang raja jika keluar dari kraton juga selalu menggunakan payung., disamping untuk melindungi dari panas  matahari juga supaya bayangan tubuh raja tidak muncul dan terinjak oleh pengiringnya terutama bagian kepala, karena raja adalah orang yang mendapat kehormatan paling tinggi. Dan Songsong songsong tersebut rata rata terbuat dengan lapisan emas.


Di Keraton Kasunanan  Surakarta pada masa Sinuwun Pakubuwana IV , Beliau menerapkan larangan bagi siapapun untuk menggunakan payung di area keraton kecuali keluarga raja yang bergelar Pangeran.


Payung sebagai simbol kebesaran dimekarkan menaungi singgasana, juga payung sebagai penanda kebangsawanan ditancapkan pada kayu tapi tidak dimekarkan.dipasang sejajar dengan tombak sebagai lambang kewaspadaan  atau pusaka lainnya.juga payung sebagai simbol pengayoman dan perlindungan untuk keluarga yang menghuni disuatu rumah  untuk selalu mendapat ketentraman lahir dan batin.


Payung sebagai lambang perlindungan dan pengayoman serta keteduhan, ini terlihat dimasyarakat jawa ketika seseorang meninggal dan hendak dimakamkan sebuah payung juga ikut menyertai perjalanannya dengan harapan supaya seseorang yang meninggal tersebut mendapatkan keteduhan ketika harus melanjutkan perjalanan kehidupannya di alam yang lain.


PAYUNG - SONGSONG

Sastra Jawa - Narpawandawa, Budi Utama, 1929


Mênggah babadipun ing payung (songsong) punika sakalangkung kina. Gambaripun sampun kapêtha wontên ing gambar ukir ing badaning (awak-awakaning) candhi (relief) ingkang kina wontên ing gambar ukir wau, nitik wujudipun adhapur godhong wiyar, awarni godhong talês. Payung-payung ing gambar ukir wau payung tandhaning kaluhuran.


Kawontênaning payung ing sapunika wontên warni kalih, payung ingkang kaangge sadhengah, kalihan payung tandhaning kaluhuran.


Payung tandhaning kaluhuran punika tumrap ing Surakarta warni tiga:


Ha: Payung limrah ingkang kaangge, kenging kaingkupakên sarta kaêgarakên, punika dados agêmipun panjênêngan dalêm nata para luhur, priyagung, saha abdi dalêm dumugi ingkang pangkat lurah, sarta anakipun abdi dalêm panèwu mantri. Payonipun kaprada sarta kaêcèt awarni-warni, ingkang dados tandhaning kaluhuran.


Na: Songsong sungsun, kados: ha, sungsun tiga. Punika gotèkipun wontênipun songsong sungsun punika dados pangandika minôngka punaginipun salah satunggalipun nata, manawi mêningi supitipun putra dalêm ingkang ginadhang sumilih kaprabon, sang rajaputra badhe kasongsongan songsong sungsun. Mênggah yêktining gotèk wau kasumanggakakên para maos, amargi kawarti ing Bali ugi wontên songsong sungsun wau.


Ca: Payung bawat, payonipun ing nginggil ingkang kadamêl godhong tal punika, sapunika namung dados kaprabon utawi upacara kemawon. Ingkang kinanipun gotèk kangge payungan samôngsa wontên kaparêng dalêm ngrampog sima. Songsong bawat wau dados upacara kaprabon dalêm, kadipatèn, kapatihan, sarta para bupati gawe, pulasipun kados: ka.


Ra: songsong agung, kenging kaêgar saha kaingkupakên, tritisipun anglèmbrèh, ingkang kadamêl bôngsa sêmbêt, kapulas sarta mawi tundha-tundha, kasukanan gambaran guntingan grènjèng awujud buron wana.

Songsong agung punika dados upacara kaprabon dalêm, kadipatèn, pangeran, pêpatih dalêm sarta bupati jawi lêbêt saanon-anonipun, tuwin kolonèl komandhaning prajurit dalêm. Wontên ing cacriyosan, botên wontên ingkang nyriyosakên kanggenipun malih songsong agung punika, kajawi namung dados upacara.


Songsong Limrah

Payung limrah punika sarandunipun:

1. Dhandhan, wontên ingkang mawi sopal, tunjung, sawênèh karah, 2. Usuk, 3. Bungkul, 4. Ruji, usuk, sanggan, wontên sulamipun bênang, 5. Bungkul sanggan, 6. Payon, 7. Tritis, 8. Sindik, 9. Guna, 10. Kênur, 11. Sêkar Waru, 12. Mênur.


1. Dhandhan

Dhandhan punika minôngka garaning payung, ingkang kadamêl kajêng utawi dêling sarta kaêcèt, dhandhan punika warni sanggan.


1. Dhasaripun cèt cêmêng, lung kêncana praosan, mawi sopal sarta tunjung, punika agêm dalêm, para putra, tuwin pêpatih dalêm.


2. Dhasaripun cèt cêmêng, kagambar lung pakis mawi êcèt jêne, srunènipun abrit, mawi sopal sarta tunjung, dhandhan songsongipun pangeran kolonèl, pangeran santana, Radèn Ayu Sêdhahmirah sarta para priyantun dalêm.


3. Kados ôngka 2, kaot tanpa tunjung, dhandhan payungipun santana dalêm.


4. Kados ôngka 2, kaos dhasaripun ijêm, tanpa sopal sarta tunjung, namung kalintonan karah, dhandhan payungipun bupati, bupati anom, mayor, kaptin upsir.


5. Ijêm byur, tanpa karah, dhandhan payungipun abdi dalêm panèwu mantri sapangandhap.


2. Usuk

Usukipun punika ingkang kadamêl kalimrahanipun dêling apus kairat miring, pucukipun kiwa têngên sarta têngah kabolong prêlu dipun surupi bênang, pucukipun ingkang sasisih kalêbêtakên ing bungkul, kaganthèt mawi pluntur rambut mamrih awètipun, dening rambut punika wulêd, makatên malih gandhèngipun usuk kalihan usuk sanggan, sarta manjingipun ruji sanggan dhatêng bungkul sanggan, ugi mawi pluntur rambut, amargi kalih ênggèn punika dunungipun tangsul ingkang nyôngga bot,[6] bênang ingkang anggandhèng usuk kalihan usuk sanèsipun, saengga êrèngipun punika lawe kemawon, pluntur ing pungkasaning tritis nama: trêntên.


3. Usuk Sanggan

Usuk sanggan punika upami balungan griya bau dhanyangipun (trêbil) ingkang kadamêl dêling kadosdene usuk, pucukipun ingkang sasisih manjing ing bungkul sanggan, ingkang sasisih manjing ing usuk, nyôngga usuk watawis kalih pra gangsalipun bagean ing nginggil, sampun kapratelakakên ing nginggil, tangsulipun ingkang ngatut mawi pluntur rambut.


Payon ingkang nglêbêt kalihan pra gangsalan bagean ing sisih nginggil punika botên kenging kaêcèt utawi kapraos, amargi anggèning mayoni punika sasampuning rampung pangruktining usuk utawi ruji, awit saking punika lajêng dipun aling-alingi sulaman bênang songa utawi lawe môncawarni, wontên ing saubêngipun ruji sanggan, ngrapêti sêla-sêlaning ruji sanggan wau, congkokipun wontên sakawan, lajêng kadamêl tundha gangsal.


1. Ing ngandhap piyambak nama: srempangan, 2. Nginggilipun nama: bogêman, 3. Nginggilipun malih nama: kêmanggan, punika rujinipun dipun katingalakên, kapraos utawi kaêcèt, 4. Nginggilipun malih nama: bogêman, malih, 5. Ingkang nginggil piyambak nama: langitan.


4. Bungkul sarta 5 Bungkul sanggan

Bungkul sarta bungkul sanggan punika ingkang kadamêl kajêng kabubud, ing têngah kabolong, tumrap bungkul kaanjingan dhandhan, dene bungkul sanggan bolonganipun kapara wiyar, logro kaanjingan dhandhan, lingiripun ingkang sasisih sami kagraji, lêtipun grajèn sakandêling usuk, lingir ingkang wêtah kabolong sarana bur utawi uncêg alit. Grajèn wau panggenan manjingipun pucuk utawi ruji.


6. Payon

Ing bab 5 sampun uluk-uluk bilih pangruktining ruji sampun rampung, punika sawêg kapayu, ingkang kangge mayu punika mori. Sarampungipun anèmplèkakên wiwit kaêcèt dhasar ing jawi sarta nglêbêtipun, lajêng kaêcèt sarta kapraos. Ing nglêbêt (ngandhap) manawi mawi gambar, inggih lajêng kagambar punapa lêrêsipun.


Mênggah tundha usuking payung punika ingkang baku wontên ing pulas utawi warni, tundha-tundhanipun wau makatên.


Ha: praos, Na: jêne atal, Ca: pêthak, Ra: ijêm, Ka: biru, Da: abrit (abrit jingga), Ta: cêmêng, Sa: abrit kêthèl.


Praos ingkang dumunung ing nginggil, punika nama sèrèt. Dene ingkang dumunung ing têngah nama kêndhit. Kêndhit punika langkung ciyut tinimbang sèrèt. Wiyaripun kêndhit sarta sèrèt punika wontên tundha-tundhanipun.


Dene praos êlêr lancip mujur urut usuk punika nama: sèrèt. Tumrap Kasunanan sèrèt punika dados tandhaning tinarimah, nama sri nugraha.


Mênggah cètipun punika dados dhasaring pulas, ewadene manawi ciyut dumunung ing têngah inggih punika nama kêndhit.


Dhasaring pulas ing nglêbêt punika awarni-warni, prada byur jêne, pêthak sarta ijêm.


Gêgambaran utawi pulas ing nglêbêt.

Ha: 1. pinggiran argulo sapêthik. 2. pinggiran argulo sadhompol. 3. pinggiran lung argulo.


Na: paksi dewata.


Ca: modangan


Ra: srunèn, ngandhap agêng nginggil alit.


7. Tritis

Tritising payung inggih pinggiring payon punika, punika tumrap songsong agêm dalêm mawi bara mubêng. Tumrap ing Ngayogyakarta agêm dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan tritisipun nyakêdhung mlêbêt (mandhap) kawastanan jlibir.


8. Sindik, 9. Gundha, 10. Kênur

Sindik punika kangge nyindik sanggan ngandhap bungkul sanggan samôngsa kaêgarakên, supados botên sagêd mingkup. Kalimrahanipun namung paku, para luhur botên ngangge paku tosan, malah manawi songsong agêm dalêm, sindikipun êmas. Sindik wau kacancang ing kênur, kangge kabêsusan, dipun sukani jêmbul, kawastanan gundha.


11. Sêkar waru

Sêkar waru punika mori kacon (pasagi), kadhasaran êcèt, kabrungkusakên ing bungkul nginggil, kangge nutupi bungkul wau. Kalêmpat-lêmpit ing têngahipun dados anyonthong, pojok sakawan taksih, tiningalan kados sêkar waru mangkurêb, mila inggih lajêng kawastanan sêkar waru. Tumrap songsong agêm dalêm sêkar warunipun mawi bara.


12. Mênur

Mênur punika ingkang kadamêl limrahipun kajêng, pandamêlipun kabubud, mawi purus manjing ing dhandhan, wontên ing bungkul. Grênging wêwangunanipun mêrit. Bungkul punika dhasaran êcèt, sarta kapraos. Congkoking bubudan:


Ha: nginggil piyambak, mênur, wujud sêkar mênur utawi malathi ingkang taksih kudhup, Na: kudhup, nginggil anjêbèr ing gulu alit, ngandhap agêng, Ca: krêntêng, lingir cacah tiga, Ra: gêgêl, wangun ambalêndhuk, Ka: srêntêng, kados ca, namung kalih, Da: jlèbèr, inggih makatên punika wujudipun.


Manawi katamatakên, kados wontên raosipun mênur ingkang gandhèng kalihan kawontênan kina.


Songsongipun kangjêng pangeran putra dalêm ingkang kondur saking kaselong punika tanpa mênur. 


MENGGAH WUJUDIPUN 

satunggal-satunggaling payung kapratelakakên ing ngandhap punika 


1. Songsong agêm dalêm

Gilap gubêg sêkar waru saha tritisipun mawi bara, sangandhapipun sanggan ruji mawi kranthil, pinggiran argulo sapêthik, pêksi dewata, dhandhan lung kêncanan, sopal sarta tunjung.

Songsong pusaka dalêm ingkang kagêm pasamuwan agêng punika: kalih, Kangjêng Kyai Brawijaya, Kangjêng Kyai Guwawijaya.

Punika mênuripun ing pucuk mawi musthika toya. Ing nglêbêt wontên waosipun (Tombak Alit), bungkulipun sanggan sinêlut ing êmas.

Pèngêtan musiyum Radyapustaka mratelakakên dhandhanipun kajêng mursada.


2. Songsongipun pramèswari dalêm utawi kangjêng gusti pangeran adipati anom.

Gilap gubêg, pinggiran argulo sapêthik, pêksi dewata, kranthil, dhandhan lung kêncanan, mawi sopal sarta tunjung.


3. Songsongipun putra-putri dalêm saking pramèswari dalêm, saha putra dalêm saking garwa ampeyan, ingkang sasêbutan kangjêng gusti pangeran adipati.

Gilap gubêg, pinggiran argulo sadhompol, modangan, srunèn, dhandhan lung kêncanan, sopal sarta tunjung.


4. Songsongipun putra dalêm saking ampeyan ingkang sêsêbutan kangjêng gusti utawi putri dalêm ugi saking garwa ampeyan, ingkang sêsêbutan kangjêng ratu.

Gilap,[8] pinggiran argulo sadhompol, modangan, srunèn, dhandhan lung kêncanan, sopal sarta tunjung.


5. Songsongipun wadananing putra santana dalêm sasêbutan bêkêl.

Sagara muncar mawi kêndhit. Pinggiran argulo sadhompol, modangan, srunèn. Sèrèt praos, kêndhit jêne atal, kêndhit praos, kêndhit jêne atal, praos sapanginggil.


6. Songsongipun putra dalêm ingkang saking ampeyan.

Sagara muncar. Sèrèt praos, kêndhit jêne atal, praos sapanginggil. Pinggiran argulo sadhompol, modangan, srunèn.


7. Songsongipun putri dalêm saking garwa ampeyan manawi sampun krama.

Padhang bulan. Sèrèt praos, kêndhit pêthak, praos sapanginggil. Pinggiran argulo sadhompol, modangan, srunèn. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis, mawi sopal sarta tunjung.


8. Songsongipun putra dalêm saking garwa ampeyan ingkang taksih timur.

Sèrèt praos, jêne, kêndhit praos, jêne, kêndhit praos, jêne sapanginggil. Pinggiran argulo mubêng, modangan, srunèn. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis, mawi sopal sarta tunjung.


9. Songsongipun putri dalêm saking garwa ampeyan ingkang dèrèng krama.

Sèrèt praos, jêne, kêndhit praos, pêthak, kêndhit praos, jêne sapanginggil. Pinggiran, argulo mubêng, modangan, srunèn. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis, mawi sopal sarta tunjung.


10. Songsongipun kangjêng pangeran santana.

Êndhog satugêl. Sapalih ngandhap praos, sapalih nginggil pêthak. Dhasar pêthak, pinggiran argulo mubêng, modang, srunèn. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis, mawi sopal sarta tunjung.


11. Songsongipun santana dalêm riya nginggil.

Sèrèt praos, pêthak, kêndhit praos, pêthak, kêndhit praos, pêthak sapanginggil. Dhasar pêthak, argulo mubêng, modangan, srunèn. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis, mawi karah.


12. Songsongipun santana dalêm riya ngandhap.

Sèrèt praos, pêthak, kêndhit praos, pêthak sapanginggil. Nglêbêt kados ôngka 10. Dhandhan sami ôngka 11.


13. Songsongipun santana dalêm wayah kakung putri.

Sèrèt praos, pêthak sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 10. Dhandhan sami ôngka 11.


14. Songsongipun santana dalêm buyut jalêr èstri.

Sèrèt praos, (radi alit) pêthak sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 10. Dhandhan sami ôngka 11.


15. Songsongipun santana dalêm canggah jalêr èstri.

Pêthak, kêndhit praos, pêthak sapanginggil. Nglêbêt, sami ôngka 10. Dhandhan sami ôngka 11.


16. Songsongipun priyantun dalêm sasêbutan radèn ayu.

Sèrèt praos, pêthak, kêndhit jêne, pêthak sapanginggil. Dhasar pêthak, pinggiran argulo mubêng, srunèn. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis, mawi sopal sarta tunjung.


17. Songsongipun prayantun dalêm sasêbutan radèn.

Sèrèt praos, ijêm kêndhit jêne, ijêm sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 16.

Dhandhan sami ôngka 16.


18. Songsongipun priyantun dalêm radèn kiranarukmi sapangandhap.

Sèrèt praos, ijêm, pêthak, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 16. Dhandhan dhasar cêmêng, lung pakis, mawi karah.


19. Payungipun Radèn Ayu Adipati Sêdhahmirah.

Sèrèt praos, ijêm, praos sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 16. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis, mawi sopal sarta tunjung.


20. Payungipun abdi dalêm wadana èstri.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, jêne, kêndhit praos, ijêm sapanginggil. Nglêbêt, dhasar ijêm, pinggiran argulo mubêng, srunèn. Dhandhan, dhasar ijêm, lung pakis, mawi karah.


21. Payungipun abdi dalêm riya èstri.

Sèrèt praos, pêthak, kêndhit praos, jêne, kêndhit praos, pêthak. Nglêbêt sami ôngka 20. Dhandhan sami ôngka 20.


22. Payungipun abdi dalêm kaliwon èstri.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, pêthak, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 20. Dhandhan sami ôngka 20.


23. Payungipun abdi dalêm nyai lurah pangkat panèwu.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt, ijêm, lugas. Dhandhan, ijêm, tanpa karah.


24. Payungipun abdi dalêm nyai lurah pangkat mantri.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 23. Dhandhan sami ôngka 23.


25. Payung abdi dalêm nyai lurah.

Sèrèt praos, ijêm sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 23. Dhandhan sami ôngka 23.


26. Songsongipun pêpatih dalêm.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, ijêm, praos sapanginggil. Nglêbêt, dhasar ijêm pupus, pinggiran argulo mubêng, modangan, srunèn. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis praos, mawi sopal sarta tunjung.


27. Payungipun abdi dalêm bupati bêkêl.

Sèrèt praos, ijêm, praos sapanginggil. Nglêbêt, dhacar[9] ijêm, pinggiran argulo mubêng, srunèn. Dhandhan, dhasar ijêm, lung pakis, mawi karah.


28. Payungipun abdi dalêm bupati nayaka.

Sèrèh sraos,[10] ijêm, kêndhit praos, jêne sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 27: namung sêkaripun argulo biru. Dhandhan sami ôngka 27.


29. Payungipun abdi dalêm bupati anon-anon.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, pêthak sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 27. Dhandhan sami ôngka 27.


30. Payungipun abdi dalêm bupati pangrèh praja.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, pêthak, kêndhit praos, ijêm sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 27. Dhandhan sami ôngka 27.


31. Payungipun abdi dalêm bupati pamajêgan.

Sèrèt praos, pêthak, kêndhit praos, ijêm sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 28. Dhandhan sami ôngka 27.


32. Payungipun abdi dalêm bupati Imagiri.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, ijêm, pêthak, jêne atal. Nglêbêt sami ôngka 27. Dhandhan sami ôngka 27.


33. Payungipun abdi dalêm, kliwon gawe.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, jêne atal. Nglêbêt sami ôngka 28. Dhandhan sami ôngka 27.


34. Payungipun abdi dalêm, kliwon anon-anon.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, pêthak. Nglêbêt sami ôngka 27. Dhandhan sami ôngka 27.


35. Payungipun abdi dalêm, kliwon pangrèh praja.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, pêthak, kêndhit praos, biru. Nglêbêt sami ôngka 28. Dhandhan sami ôngka 27.


36. Payungipun abdi dalêm, kliwon pamajêgan.

Payungipun ahdi[11] dalêm, kliwon pamajêgan. Sèrèt praos, pêthak, kêndhit praos, biru.

Nglêbêt sami ôngka 27. Dhandhan sami ôngka 27.


37. Payungipun abdi dalêm panèwu damêl.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt, ijêm byur. Dhandhan, dhasar ijêm.


38. Payungipun abdi dalêm panèwu jaksa.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, biru. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


39. Payungipun abdi dalêm panèwu narawrêksa.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, abrit, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


40. Payungipun abdi dalêm panèwu dhistrik (pangrèh praja).

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, abrit, kêndhit praos, abrit. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


41. Payungipun abdi dalêm panèwu pamajêgan Bayalali.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


42. Payungipun abdi dalêm panèwu pangrêmbe dhusun.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, biru, kêndhit praos, biru. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


43. Payungipun abdi dalêm mantri damêl saha anon-anon.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


44. Payungipun abdi dalêm mantri pulisi kabupatèn.

Sèrèt praos, abrit, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


45. Payungipun abdi dalêm mantri narawrêgsa sêpuh.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, abrit sêpuh, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


46. Payungipun abdi dalêm mantri narawrêgsa nèm.

Sèrèt praos, biru, abrit cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


47. Payungipun abdi dalêm mantri ondêr dhistrik (pangrèh praja). Sèrèt praos, abrit, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


48. Payungipun abdi dalêm mantri cacar nagari.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, abrit, cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


49. Payungipun abdi dalêm mantri cacar dhusun.

Sèrèt praos, cêmêng, abrit, biru. Nglêbêt sami ôngka 37.

Dhandhan sami ôngka 37.


50. Payungipun abdi dalêm mantri pamajêgan.

Sèrèt praos, ijêm, cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


51. Payungipun abdi dalêm mantri pangrêmbe dhusun.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, biru. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


52. Payungipun abdi dalêm dêmang (pangkat mantri) dhusun. Sèrèt praos, abrit, cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


53. Payungipun abdi dalêm lurah.

Sèrèt praos, biru sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


54. Payungipun abdi dalêm carik kabupatèn pangrèh praja pangkat I. Sèrèt praos, abrit, kêndhit praos, abrit. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


55. Payungipun abdi dalêm carik kabupatèn pangrèh praja pangkat II. Utawi carik kapanewon pangrèh praja pangkat I.

Sèrèt praos, abrit, kêndhit ijêm, abrit. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


56. Payungipun abdi dalêm bêkêl niti. Kêmasan sarta pandhe. Sèrèt praos, cêmêng sapanginggil.

Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


57. Payungipun abdi dalêm carik kapanewon pangrèh praja pangkat II. Sèrèt ijêm, abrit, kêndhit praos, abrit. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandan sami ôngka 37.


58. Payungipun abdi dalêm jajar niti.

Biru byur. Nglêbêt, ijêm sêpuh byur. Dhandhan, dhasar ijêm sêpuh.


59. Payungipun abdi dalêm jajar kêmasan sarta pandhe.

Cêmêng byur. Nglêbêt, sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.


60. Payungipun abdi dalêm kolonèl komandhan sasêbutan pangeran. Sêpalih jêne praos, sapalih ijêm. Nglêbêt, dhasar pêthak, pinggiran argulo mubêng, modangan, srunèn. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis, mawi sopal sarta tunjung.


61. Payungipun abdi dalêm kolonèl komandhan sasêbutan arya. Sèrèt praos, ijêm, praos sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 60. Dhandhan dhasar cêmêng, lung pakis, mawi karah.


62. Payungipun abdi dalêm litnan kolonèl.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, jêne, kêndhit praos, abrit. Nglêbêt, dhasar ijêm, pinggiran argulo mubêng, modangan, srunèn. Dhadhan, dhasar ijêm, lung pakis, mawi karah.


63. Payungipun abdi dalêm mayor jawi lêbêt.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, pêthak, kêndhit praos, abrit. Nglêbêt sami ôngka 62. Dhandhan sami ôngka 62.


64. Payungipun abdi dalêm kapitan jawi lêbêt.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, pêthak, kêndhit praos, abrit. Nglêbêt sami ôngka 62. Dhandhan sami ôngka 62.


65. Payungipun abdi dalêm irstê litnan jawi lêbêt.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, pêthak, abrit. Nglêbêt sami ôngka 62. Dhandhan sami ôngka 62.


66. Payungipun abdi dalêm, twèdhê litnan jawi lêbêt.

Sèrèt praos, biru, pêthak, abrit. Nglêbêt sami ôngka 62. Dhandhan sami ôngka 62.


67. Payungipun abdi dalêm, opêr wahmistêr prajurit mijipinilih. Abrit, kêndhit praos, abrit, kêndhit praos, abrit, biru. Nglêbêt, ijêm. Dhandhan, dhasar ijêm.


68. Payungipun abdilêm,[12] ondêr ajidan prajurit mijipinilih.

Abrit, kêndhit praos, abrit, pêthak, biru. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


69. Payungipun abdi dalêm, kopral prajurit mijipinilih.

Abrit, pêthak, biru. Nglêbêt sami ôngka 67.

Dhandhan sami ôngka 67.


70. Payungipun abdi dalêm pangulu.

Sèrèt praos, ijêm nèm, praos. Nglêbêt, dhasar ijêm nèm, pinggiran argulo mubêng ronipun jêne, srunèn. Dhandhan, dhasar ijêm nèm, lung pakis, mawi karah.


71. Payungipun abdi dalêm lurah kaji, katib, jimat Kuthagêdhe. Sèrèt praos, pêthak, kêndhit praos, biru, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


72. Payungipun abdi dalêm ngulama damêl, ngulama miji, sarta panèwu jaksa surambi. Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, biru. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


73. Payungipun abdi dalêm panèwu garap, golongan kawadanan yogaswara. Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


74. Payungipun abdi dalêm mantri jaksa, garap, juru kunci Kuthagêdhe, kalang Kuthagêdhe, pangulu imam saha naib, juru kunci, pangulu imam ing Sela sarta jimat Lawiyan.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


75. Payungipun abdi dalêm rôngga masjid.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, cêmêng.

Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


76. Payungipun abdi dalêm lurah carik.

Sèrèt praos, biru sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


77. Payungipun abdi dalêm dêmang kalang Kuthagêdhe.

Sèrèt praos, abrit sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


78. Payungipun abdi dalêm kaliwon juru suranata.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, pêthak. Nglêbêt, dhasar ijêm, pinggiran argulo mubêng, srunèn. Dhandhan, dhasar ijêm, lung pakis, mawi karah.


79. Payungipun abdi dalêm panèwu juru suranata.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


80. Payungipun abdi dalêm mantri juru suranata.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


81. Payungipun abdi dalêm lurah juru suranata sarta lurah marbot masjid paramasana.

Sèrèt praos, biru sapanginggil (zie ôngka 76). Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


82. Payungipun panèwu abdi kasantanan.

Abrit, kêndhit praos, biru. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


83. Payungipun mantri abdi kasantanan.

Abrit, kêndhit praos, cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


84. Payungipun rôngga abdi kasantanan.

Abrit, kêndhit praos, abrit. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


85. Payungipun anak utawi sadhèrèkipun pêpatih dalêm.

Sèrèt praos, ijêm, jêne atal sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


86. Payungipun anak utawi sadhèrèkipun abdi dalêm bupati nayaka. Sèrèt praos, ijêm sapanginggil, mawi tlacap praos nginggil (cacah 8). Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


87. Payungipun anak utawi sadhèrèkipun abdi dalêm bupati kaliwon nagari tuwin dhusun. Ijêm byur, mawi tlacap nginggil (cacah 4). Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


88. Payungipun anak utawi sadhèrèkipun abdi dalêm panèwu mantri. Biru byur. Nglêbêt sami ôngka 67.

Dhandhan sami ôngka 67.


89. Payungipun anak utawi sadhèrèkipun abdi dalêm lurah bêkêl tuwin jajar. Cêmêng byur, sêkar waru tuwin mênuripun jêne. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.


90. Payungipun kawula dalêm pangindhung.

Jambon byur, sêkar waru tuwin mênuripun jêne. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

(Martasuwignya).


Wiyosipun, gêgubahan prakawis payung punika mêndhêt pêpiridan saking kagungan dalêm sêrat gambar songsong ingkang sumimpên ing Sanapustaka ôngka 402 sarta mêthik ing sawatawis saking pèngêtan-pèngêtan ingkang sumimpên ing musiyum Radyapustaka.


Sumber: Sastra Jawa - Narpawandawa, Budi Utama, 1929


Foto : Songsong Agung Keraton Kasunanan Surakarta.


Ditulis oleh K.R.T Koes Sajid Jayaningrat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Selain Punya Sulistiyo, Ternyata Banjarnegara Menginspirasi Berdirinya Satgas PGRI

  Selain Punya Sulistiyo, Ternyata Banjarnegara Menginspirasi Berdirinya Satgas PGRI 07 Jan 2025 15:49 Walaupun bukan pendiri PGRI, namun Su...